Resi Wisrawa sekti mandraguna lan kondhang ing kaloka sajroning ilmu kasidan. Dheweke sesandhingan karo Dewi Lokawati, anak wadone Prabu Lokawana ratu nagara Lokapala.
Sawuse Prabu Lokawana surut, Resi Wisrawa diangkat dadi ratu nagara Lokapala. Saka jejodhoane Resi Wisrawa lan Dewi Lokawati kuwi nurunake anak kang jenenge Wisrawana lan dhewasane diangkat dadi ratu, ngganteni Prabu Wisrawa kang ambagawan. Wisrawana sabanjure nyandhang gelar Prabu Danaraja utawa Danapati.
Ing kalodhangan liya, Prabu Alengka ngadani sayembara kanggo golek jodho anak wadone, Dewi Sukesi. Ponakane kang awujud raseksa, Ditya Jambumangli sajane nyimpen rasa tresna marang Dewi Sukesi, nanging ora wani terang-terangan. Mula dheweke njaluk supaya diadani pasanggiri perang tandhing ngrebutake Dewi Sukesi. Ratu apa satriya kang kepengin nglamar Dewi Sukesi kudu perang tandhing ngadhepi Ditya Jambumangli. Nanging amarga sekti mandraguna, ora ana kang bisa ngalahake dheweke. Saliyane kuwi, Dewi Sukesi uga ngadani sayembara, sapa kang bisa napsirake ilmu sastra hajendra hayuningrat, yakuwi kang bakal didadekake bojone.
Prabu Danapati kang uga kepengin nglamar Dewi Sukesi banjur njaluk tulung bapake, Resi Wisrawa. Satekane ing Alengka, Resi Wisrawa ngadhep Prabu Sumali lan nemoni Dewi Sukesi, banjur napsirake ilmu Sastra Hajendra Yuningrat kanthi cepet. Sawuse tapsirane rampung, Prabu Sumali lan Dewi Sukesi kan awujud raseksa malih rupa dadi manungsa lumrah.
Dewi Sukesi ameh diboyong menyang Lokapala lan dijodhokake karo Prabu Danapati anake, nanging ora dituruti dening Dewi Sukesi. Kaya kang wus diugemi ing sayembara iku, sapa kang bisa napsirake ilmu sastra hajendra Yuningrat, yakuwi kang bakal dadi bojone. Mula, Resi Wisrawa banjur jejodhoan dhewe karo Dewi Sukesi.
Keprungu warta iku, Ditya Jambumangli nesu lan ngajak perang tandhing karo Resi Wisrawa. Ing perang tandhing iku, Ditya Jambumangli tiwas kanthi awak karajang-rajang. Nanging sadurunge mati, dheweke nyumpahi Resi Wisrawa sukmbene nalika ana perang gedhen Alengka, anake Wisrawa bakal mati karajang-rajang.
Dene Prabu Danapati kang keprungu manawa bapake wus nikah karo Dewi Sukesi uga ora kalah nesune, banjur nglabrak bapake menyang Alengka. Nanging peperangan antaraning anak lan bapak iku bisa dipisah dening Bathara Narada.
Saka jejodhoane iku, Resi Wisrawa nurunake anak papat, yakuwi Rahwana utawa Dasamuka, Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
dayat